Smart & Religious
Drop Down MenusCSS Drop Down MenuPure CSS Dropdown Menu

Selasa, 10 Maret 2015

Contoh Pidato Bahasa Jawa


السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ت

اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى فَضَّلَ بَنِيْ أَدَمَ بِا لْعِلْمِ وَالْعَمَلِ
 وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ عَلَى كُلِّ حَالٍ
وَ عَلَى اَلِهِ وَاَصْحَا بِهِ اَصْحَابِ الْكَرَامَةِ وَالْكَمَلْ أمّا بعد

Dumateng Poro Bapak, poro Ibu, ingkang kulo hormati. Hadirin sekalian ingkang dimulyaaken Allah !
Minangkani awalipun atur kulo ing mriki kulo muji syukur Alhamdulillah dateng Alloh SWT ingkang sampun paring pinten-pinten Rohmat, Ni’mat, dumateng kulo, lan panjenengan sedoyo, sehinggo kulo lan panjenengan saged karoyo-royo bucal thempo ninggalno griyo, ninggal bondho lan rojo koyo sami saget rawo wonten ing majlis puniko boten ategas golek bondho donyo. Nanging leres-leres golek ilmu Agomo. Ilmu sing keno kangge sangu dateng griyane wong tuwo. Shoho ilmu sing keno kangge sangune ngadep datang kang moho kuoso.

Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Sebagai pengajak kulo monggo siang saat meniko kulo lan panjenengan samiho niat ngaji. Niat ibadah dateng ngarsanipun Allah SWT. Keranten pancen dados tiyang Islam lho Pak?! Bu?! Ngaji niku wajib tumrap kito sedoyo. Kanjeng Nabi dawoh :

طَلَبُ الْعَلْمِ فَرِيْضَةٌ عَلَى كُلِّ مُسِلِمٍ وَمُسْلِمَةٍ (رواه ابن عبد البر

Ingkang artosipun :
“Bilih pados ilmu meniko dipun fardhuaken tumrap saben-saben tiyang Islam jaler lan istri“
Soho kanti hadist meniko kito sampun jelas bilih pados ilmu meniko merupakan proses ingkang serba terus tanpa wonten bates waktu baik kapanpun, dimanapun dan dalam keadaan bagaimanapun. Dados senajan tiyangnipun sampun tuwek, elek, ngrowek, untune entek, ora tedas peyek, meniko tetep kewajiban pados ilmu.

Poro Rawuh ingkang kulo hormat !
Keranten tiyang niku menawi boten gadah ilmu senajan toh ibadah sampek jungkir balik, utawi ibadah mempeng, tapi boten dipun ilmuni meniko tiwas bal gedual.

وُ كُلُّ مَنْ بِغَيْرِ عِلْم يَعْمَلُ اَعْمَالُهُ مَرْ دُوْ دَةٌ لاَ تُقْبَلُ

Tiyang niku menawi boten gadah ilmu, ngamalipun boten dipun terimo dening Alloh. Mardudatun Laa tugbalu.
Pramilo sangkeng meniko, monggo Poro Rawoh sedoyo terutama adik-adik lan generasi Muda-mudi remaja Islam. Kito tingkataken anggen kito belajar. Supados benjang angsal ilmu ingkang katah lan manfaat soho ilmu ingkang saget beto bahagia lan wilujeng donyo lan akherat. Hal meniko cocok kalian dawohipun Alloh wonten Al-Qur’an, Surat Al-Mujadalah ayat 11

يَرْفَعِ الله ُ الَّذِ يْنَ آمَنُوْا مِنْكُمْ وَالَّذِ يْنَ أُوْتُوْا الْعِلْمَ دَرَجَاتٍ

Artosipun :
“Allah bade ngangkat derajatipun tiyang-tiyang ingkang beriman lan tiyang-tiyang ingkang nggadahi ilmu dateng pinten-pinten derajat“

Tapi sa’wangsulipun menawi kito boten anggadahi ilmu boten saget ngaji lan boten purun belajar lan boten sekolah, tengriyo namung kluyur-kluyur jogrok klimprak-klimprik kados sarung goyor, niku nggih boten patut, sampun ketinggalan jaman. Amargi, niki sampun jaman merdeka boten kados jaman penjajah. Sa’niki sampun kathah sekolahan sampun kathah tempat-tempat pendidikan. Pramilo monggo kito tingkataken anggen kito belajar, pados ilmu pengetahuan ingkang kathah. Soho dumateng poro Bapak, Ibu sampun ngantos ketinggalan, ojo sampek gadah putro sing lolak-lolok, boten purun sekolah, boten purun ngaji, boten purun datang masjid, datang langgar, lan sanes-sanesipun. Keranten lare niku menawi boten kenal pendidikan, nopo maleh pendidikan Ilmu Agama. Nopo malek kito selaku generasi Muda mudi NU, kedah kenal pendidikan.
Etika kulo panjenengan sampun diasah dateng asulullah, monggo kito terapke etika puniko wonten teng pendidikan modern supados teknologi saget kito manfaatke kagem kepentingan agomo Islam, lan agomo mboten ketinggalan jaman. Intine kito pemuda-pemudi NU kedah saged dados generasi ingkang paring manfaat, kagem awak dewe lan masyarakat.
 Ingkang cocok dawohipun kanjeng Nabi

خَيْرُ النَّاسِ أَنْفَعُهُمْ لِلنَّآسِ

Artosipun :
“Sa’bagus-baguse menongso yoiku sing manfaat marang, menungso liyane“

Poro rawo ingkang kulo hormati !
Dados mekatenlah keranten sanget pentingipun ilmu, Alloh paring jaminan dipun gampangaken dalan dating swargo. Nopo maling menawi ingkang gadah ilmu meniko lare NU, ngantos dipun tembungaken:

Kayu nongko digraji-graji
Dienggo lawang karo lemari
Lare NU kudu pinter ngaji
Angsal ilmu inkang manfaati
   
 Kayu waru digraji-graji
  Kayu nongo dienggo lemari
 lare NU pinter teknologi
  saged berjuang kagem agami

Kintenipun cekap semanten atur kulo, kirang langkungipun kulo nyuwun pangapunten.

و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته



Oleh : Nia Verawati Kelas 8 D

Tidak ada komentar: